Tulung diwaca sedela ya, utamane sing durung tau nyoblos
1. Sedurunge mangkat maring Tempat Pemungutan Suara utawa TPS nang dina Rebo Pon, 27 Juni 2018 ngesok, tolong adus disit ya? Aja kelalen sisiran men katon mliwis. Nganggone minyak wangi seperlune bae, ora usah nggo adus. Aleman. Misale perlu, sungkem karo wong tuwa dipit ya luwih apik. Tapi ora usah nganakna pengajian, kaya arep lunga kaji bae.....