BINGUNG AREP NGAPA NGESOK NANG BILIK SUARA? AYUK DIWACA INFONE KIYE.....


Assalamu’alaikum, sedulur-sedulur kabeh khususe warga Jawa Tengah

Tulung diwaca sedela ya, utamane sing durung tau nyoblos

1. Sedurunge mangkat maring Tempat Pemungutan Suara utawa TPS ngesok, tolong adus disit ya? Aja kelalen sisiran men katon mliwis. Nganggone minyak wangi seperlune bae, ora usah nggo adus. Aleman. Misale perlu, sungkem karo wong tuwa dipit ya luwih apik. Tapi ora usah nganakna pengajian, kaya arep lunga kaji bae.....
 

2. Siapna KTP Elektronik utawa Surat Keterangan kadi Dinas Kependudukan dan Catatan Sipil. Kuwe thok? Iya. Tapi ya nana salahe nggawa duwit. Mbokan nang kana pingin njajan cilok utawa tahu bulat. He...he....he....

3. Tekan TPS, antri sing rapi kaya Upin Ipin nang TK Tadika Mesra. Ora usah uyel-uyelan kaya antri THR. Njagonge ya sing apik. Sing lanang njagonge biasa bae ora usah thingkring. Emange neng warung kopi apa?
Sing wadon njagong sing manis, rausah nggrendeng bae apa maning pètanan nang kono, ora pantes babar pisan.

4. Surat Pemberitahuan Pemungutan Suara Kepada Pemilih alias C6 sing kadi KPPS diijolna karo surat suara. Aja kliru karo surat tilang sing digawa, apa maning surat tagihan angsuran motor. Isin.....

5. Misale wis olih surat suara, gagian mlebu nang bilik suara. Aja klalen: dicek dipit surat suarane: ana tanda tangane Ketua KPPS apa ora? Ana bagian sing bolong utawa kecoblos apa pora? Ana gambar sing blabur apa ora? Ger ana, diwehna maning karo Ketua KPPS, njaluk sing bener. Ora usah njaluk ganti rugi. Emange proyek jalan tol.....

6. Karo maca Basmalah, coblosen kuwe surat suarane nang salah sijine pasangan calon, sesuai ati nurani. Nyoblose bisa nang nomer, bisa nang poto, bisa nang arane si calon. Sing penting: nang njerone kotak tur aja dicoblos kabeh. Misale pasangan nomer 1 ya nomer siji bae. Misale pasangan nomer 2 ya nomer 2 bae. Uga aja nyoblos nang njabane kotak, misale nang kertas putih. Eman-eman, mengko dadine ora sah.
Nyoblose biasa bae, ra usah karo mendesah... merintih..., apamaning karo ngedhen. Kaya arep ngapa...?

7. Angger wis nyoblos, kartu suarane dilempit maning kaya maune. Aja dipoto terus diposting nang medsos, dadine ya ora rahasia maning. Aja dikuwel-kuwel mbokan dikira bungkus kacang. Terus lebokna maring kotak suara, aja digawa bali. Mengko domei petugase, ndadekna sirahe Ketua KPPSe nggliyeng alias senud-senud pas penghitungan asale jumlah kartu suara ora pas karo jumlah wong sing teka. Mlakune ya biasa bae, rausah kaya artis. Lebay.....

8. Celupna salah siji driji utawa jenthik-e maring tinta sing wis disediakna petugase. Cukup driji bae, aja liyane sing dicelupna apa maning nggo raup. Tintane larang..

9. Wis rampung? Gagiyan bali!
Ora apik njerit2 histeris: “Nyong wis nyobloosss..... Nyong wis nyobloosss.....!”
Ora perlu nabur kembang, mbokan disu’udhoni saksi. Apamaning angger kembange hasil nyamplok nang ngarep umahe tanggane mau pas mangkat
Ora usah ndadak milu njagong terus medangan karo petugase.. Kue panganane anu mung-mungan.. '

10. Tekan ngumah sujud syukur, soale dina Rebo Pon 27 Juni 2018 prei alias libur nasional...!!

11. Angger wis diitung jebule calon sing dipilih oliye suara mung sethithik, ora perlu sedih karo nangis mingseg2 kaya ditinggal mantan nikahan. Apamaning ndadak misuh-misuh karo ngetokna sekabehe penghunine kebon binatang. Pekewuh karo tanggane.
Sewalike, angger calon sing dipilih oliye suara akeh, ya ora perlu ndadak gengsotan sedawane dalan RT karo ucul-ucul klambi, kathok-e sisan. Isin karo anake.
Kalah ora ngamuk, menang ora umuk. Oke?

12. Wis semono thok pesene nyong.
Muga2 lancar sekabehane, aman, tentrem. Ora usah clingak-clinguk luru wong mbagi amplop ya? Tapi umpamane diwei ya ditolak bae. Wagu tur ngisin-ngisina, kaya bocah cilik olih sangu bada bae.. 

Wis paham ya kakang/mbakyu sedulur kabeh??

Dina Rebo Pon tanggale 27 Juni 2018 jam pitu tekan jam siji awan.
Aja klalen: teka maring TPS kanggo Jawa Tengah sing luwih apik limang tahun sing arep teka.
Inga’.....inga’..... Think!

Salam

ttd
Inyong

(Diedit kadi kiriman nang grup Whatsapp. Kanggo sapa bae sing nggawe pertama, nyong bisane mung matur nuwun. Dzakiron)

#SukseskanPilkada2018
#PilgubJateng2018
#BecikTurNyenengke
#TebarSemangatKebaikan
#JanganTundaBerbuatBaik
#OptimisLebihManis
#BersyukurTambahMakmur

Artikel Terkait



  • Digg
  • Delicious
  • Facebook
  • Mixx
  • Google
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati
  • 0 komentar:

    Posting Komentar

    Terima kasih telah berkenan berkunjung dan meninggalkan jejak komentar

    Next previous home